Teks Pidato Bahasa Jawa "Seni tradisional minangka kebudayan adiluhung"
Assalamu’alaikum
Wr.Wb
بِسْمِ الَّلهِ الرّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. الحمد للّه ربّ العالمين وبه
نستعين على أمورلدّنيا والدّين .والصّلاة والسّلام على أشرف الأمبياء والمرسلين
وعلى اله وصحبه أجمعين. امّا بعد
Ingkang
kita hormati Bapak Ibu dewan juru pambiji
Ingkang
kinurmatan Panitia pennyelenggara
AKSIOMA
Ingkang
kinurmatan Bapak - Ibu guru ingkang satuhu
luhuring budi
saha
sedaya rawuh ingkang minulya. .
Kaping Sepisan monggo kita sedaya
ngaturaken raos puji syukur dhumateng ngarso Gusti ingkang maha Agung ingkang
sampun maringaken pinten-pinten kenikmatan saha kewarasan dateng kita sedaya,
sahingga kita saged kempal wonten ing papan panggenan ingkang insyaAllah kathah
kaberkahan saking Allah. Monggo kita aturaken raos syukur kita kanthi waosan
tahmid sesarengan (Alhamdullahi Rabbil ‘alamin).. Mugi Allah tansah paring
tambah rizki dumateng kulo lan
panjenengan sedaya…Amiin
Sollu ‘ala nabi Muhammad . . Kaping kalihipun Shalawat saha salam mugi tansah kaaturken dumateng ngarso
kanjeng Nabi agung Muhammad SAW ingkang sampun mbekto kita saking jaman Onta
dumugi jaman Toyota , jaman susah dumugi jaman bungah , jaman nabi dumugi jaman
jokowi .
Saklajengipun, anggen kula wonten ngajeng
panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah babakan Seni tradisional minangka
kebudayan adiluhung inggih menika, Gambuh sekar macapat, kesenian adiluhung
kagungan jawi ingkang gadahi makna agung . .
Bapak Ibu
menika tembang ipun Gambuh, sugeng midangetaken geh . .
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang
kalantur,
tanpa tutur katulo-tulo katali.
Kadaluwarso katutur,
Kapatuh pan dadi awon.
Sinten ingkang
ngertos maknanipun . .
Tembang gambuh
niku sak gatra namung gangsal larik, ananging gadahi makna ingkang agung
sanget. Saking tembang gambuh menika kita saged mangertosi bilih manungsa kedah
sami paring nasehat ugi ngemutaken kalian sesami wonten perkawis ingkang sae.
Supados menawi kita anggadahi kalepatan kita saged enggal-enggal eling lan
wangsul wonten mergi ingkang leres. Mboten ngantos keblinger wonten kaawonan.
Wonten Qur’an
surat Al-‘Ashr ayat setunggal dumugi tiga engkang waosanipun mekaten. . .
وَالْعَصْرِ (1)
إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا
الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3)
Ingkang
artosipun ….
Demi masa,
Estunipun tiang niku sami rugi. Anging tiang ingkang Iman saha ngamal kang
shalih.
وَتَوَاصَوْا
بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر sami paring nasehat wonten kesaenan, lan sami paring nasehat
wonten kesabaran.
Menawi kita mboten
pengen dados tiang ingkang katulo-tulo katali kados ingkang kaaturaken wonten
sekar Gambuh, monggo kita sami paring nasehat maring sesami. Menika tembang
ingkang sederhana, mboten namung dados hiburan mawon, ananging kita saged
ngamalaken pesan moral saking tembang gambuh menika. Mugi-mugi kita sedaya
mboten dados tiang ingkang rugi . . Amiin
Santen parutan klapa, Cekap semanten atur
kawula, Numpak sepur nggawa tali, Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur,
Kula nyuwun agunging pangaksami.
Wasslamu'alaikum Wr. Wb
Ijin copas:$
BalasHapus