Pidato Bahasa Jawa tentang Hormat maring Tiang sepuh


Assalamu’alaikum Wr.Wb
بِسْمِ الَّلهِ الرّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. الحمد للّه ربّ العالمين وبه نستعين على أمورلدّنيا والدّين .والصّلاة والسّلام على أشرف الأمبياء والمرسلين وعلى اله وصحبه أجمعين. امّا بعد
Ingkang kita hormati Bapak Ibu dewan juru pambiji
Ingkang kinurmatan  Panitia pennyelenggara AKSIOMA
Ingkang kinurmatan Bapak - Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
saha sedaya  rawuh ingkang minulya. .
Kaping Sepisan monggo kita sedaya ngaturaken raos puji syukur dhumateng ngarso Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken pinten-pinten kenikmatan saha kewarasan dateng kita sedaya, sahingga kita saged kempal wonten ing papan panggenan ingkang insyaAllah kathah kaberkahan saking Allah. Monggo kita aturaken raos syukur kita kanthi waosan tahmid sesarengan (Alhamdullahi Rabbil ‘alamin).. Mugi Allah tansah paring tambah rizki dumateng  kulo lan panjenengan sedaya…Amiin
Sollu ‘ala nabi Muhammad .  . Kaping kalihipun Shalawat saha salam mugi tansah kaaturken dumateng ngarso kanjeng Nabi agung Nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbekto kita saking jaman Onta dumugi jaman Toyota, saking jaman susah dumugi jaman bungah, saking jaman Nabi dumugi jaman Jokowi .
 Saklajengipun, anggen kula wonten ngajeng panjenengan sedaya saperlu badhe  ngaturaken sesorah babakan “Tresna maring Guru saha Tiang sepuh.”

Bapak Ibu, saha para rawuh ingkang minulya
Kita sampun mangertos bilih tiang sepuh kekalih inggih menika tiang ingkang sampun ngreksa, ngragati, saha jangkepi sedaya kebutuhan kita wiwit saking lahir ngantos sakmenika. Sahingga kita sedaya kedah sami ngabekti saha tresna maring tiang sepuh kekalih kita, amargi sedaya ridha saha murkanipun Gusti Allah menika gumantung maring tiang sepuh kita. Kados wonten salah suwijining hadits ingkang waosanipun mekaten:
رضا الله في رضا الوالدين و سخط الله في سخط الوالدين.
Ingkang artosipun inggih menika, ”Ridhonipun Allah gumantung maring ridhonipun tiang sepuh. Murkanipun Allah gumantung maring murkanipun tiang sepuh.”
Ngabekti saha tresna maring tiang seepuh kekalih menika gadhahi pinten-pinten kautaman: 1) Dadosaken panjangipun yuswa. 2) Ngatahaken rizki ingkang barokah. 3) Dadosaken sebab mustajabipun dunga.
Para rawuh ingkang kinurmatan
Tiang sepuh kita ingkang nomer kaleh inggih menika Guru. Bapak ibu guru inggih menika tiang ingkang ngidik-ngidik ilmu dumateng kita sedaya, sahingga kita saged mangertos babakan ngilmu werna-werna. Prayoganipun kita sedaya kedah tansah hormat saha tresno maring guru-guru kita, supados angsal ngilmu ingkang berkah saha manfaati dumateng gesangipun kita sedaya. Kados wonten tembang menika...


Siji loro telu
Astane sedeku
Mirengake Bu Guru
Menawa didangu
Papat nuli lima
Lenggahe sing tata
Aja pada sempbrono
Mundak ara bisa

Sinten ingkang ngertos maknanipun . .
Tembang menika, ngajak dumateng kula lan panjenengan sedaya supados sami hormat maring Bapak Ibu guru kita, kanthi anteng saha mirengake menawi Bapak Ibu guru nembe paring dangu maring kita sedaya.
 Bapak Ibu, saha para rawuh ingkang dipun mulyaaken dening Allah
Menawi kita pengen angsal ridhonipun Gusti Allah, mangga kula lan panjenengan sedaya sami tambah tresna maring Guru-guru saha tiang sepuh kekalih kita.  Kanthi lantaran menika Mugi-mugi dadosaken mulyanipun gesang kula lan panjenengan sedaya wonten dunya saha akhirat... Amiin Allahuma Amiin
Santen parutan klapa, Cekap semanten atur kawula, Numpak sepur nggawa tali, Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, Kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb


Komentar

Tulisan Lainnya

Proses Penciptaan Manusia (Q.S. Al-Mu’minun: 12-14)

Manfaat belajar filsafat

إلى حبّ المحبوب

Untukmu Penggenap Ganjilku

Belajar Nahwu Efektif dan Efisien dengan Talfiful Akwan